Senin, 21 Februari 2011

Perangtining Tembang Jawa
Tembang / sekar yaiku reroncening swara kang nganggo titi laras pelog kang dikantheni rupakaning bahasa, sastra kang gumathok. Manut nom tuwane kasustraan kang awujud tembang, kapilah dadi 5 yaiku :
1. Kasusastraan Jawa Kuna : Tembange kakawin
Tuladha : Kakawin Arjuna Wiwahan. Lsp
2. Kasusastraan Jawa Tengah : Tembange aran kidung
Tuladha : Kidung Subrata, Kidung Sundayana, lsp
3. Kasusastraan Jawa Anyar : Tembange wujude :
a. Tembang gedhe.
Tuladha : Minta Jiwa, kmudasmara, lsp
b. Tembang Tengahan
Tuladha : Balabak, Wirangrong
c. Tembang Cilik (Macapat)
4. Tembang Dolanan
Yaiku tembang kang bahasane Jawa Anyar, gampang dimangerteni dening bocah. Isine pitutur, dongeng. Tuladhane: Sluku-sluku Bathok, Menthok-menthok, lsp.
5. Gendhing lan Suluk.
Gendhing lan suluk anggone nglakokake dibarengi dening swara gamelan. Dedane menawa gendhing sing nindhakake sindhen, menawa suluk seng nindhakake dhalang.

Watak Tembang
Kajaba mawa pathokan guru wilangan, guru lagulan guru gatra, tembang kuwi duwe watak dhewe-dhewe, kayata:
a) Mijil watake asih, tresna. Mathuk kanggo aweh pitutur aweh asmara.
b) Kinanthi watake asih, tresna, seneng. Mathuk kangge medharake piwulang
c) Sinom watake grapyak, renyah. Mathuk kangge mituturi,sesorah.
d) Asmarandana awatak sensem, sedih prihatin. Mathuk kanggo nelkaake rasa asmara.
e) Dhandhang Gula awatak lues, ngresepake. Mathuk kangge medarake oiwulang, nelekake rasa asmara
f) Gambuh awatak rumaket, kilino, mathok kanggo aweh pitutur kang rada sering warga kulina.
g) Maskumambang watake nelangsa./ mathuk kangge nelaake rasa ngeres,nlangsakeranta-ranta
h) Durma watake muntap, galak. Mathuk kangge nalaake kanepson utawa cerita perang.
i) Pangkur watake seneng. Mathuk kangge mituturi uga nalaake rasa asmara.
j) Megatruh watake sedih nglokro. Mathuk kangge nelaake rasa getunm, keranta-ranta
k) Pocung watake sak kepenake,nglayam-ngleyem. Mathuk kanggo cerita.


TEMBANG-TEMBANG JAWA

PUCONG
Bapak pucung
Dudu watu dudu gunung
Sabamu ing alas
Ngon-ingone sang bupati
Praptengmarga
Si pucung lembehan grana


GAMBUH
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadulu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon


SINOM
Sun iki dhutaning nata
Parbu kenya Majapati
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lahta bisma praptaningsun
Ingutus sang narpendah
Kinen mocok murdantaji
Margamingsun ingutus ywa mindho karya


KINANTHI
Anoman malumpat sampun
Prepteng witing nagasari
Mulat mangandhap katinggal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi


DHANDHANG GULA
Wardining kang sasmita jinarwi
Wruhing kukum iku watekira
Adoh marang kanisthane
Pamicara punika
Weh reseping sagung miyarsi
Tata krama punika
Ngedohaken panyendhu
Kagunan iku kanarya
Ngupa boga, dene kelakuan becik
Weh rahayuning angga


PANGKUR
Mingkar-mingukuringangkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawa
Agama ageming aji

Tidak ada komentar :

Posting Komentar